-->
loading...

Sinetron Bahasa Jawa



Amarga HP



Hasil gambar untuk tulisan sinetron

Ana bocah jenenge Fikri  lan Danang arep ngarap tugas kang ditumpuk sesok. Bocah loro mau ing warnet bareng .Wis sore lan wis garap tugas Fikri langsung bali ing omah. Ing omah fikri langsong siram terus maem.

Pas maem Fikri ditakoki Ibune "Kri enak mboten iwake?"

" Enak kok bu" jawab fikri.

"Oh iyo Kri iki ana hadiah kanggo kuwe" omong Ibu.

"Hadiah apa bu?" Takok Fikri.

 Ibune ngetokno bungkus kotak kado karo ngomong  "Iki ibu tumbas hp kanggo kuwe, kebeneran ibu lagi ana rejeki dina iki.".

"Turnuwun bu, fikri janji arep luweh giat sinau maneh."jawab fikri.

Sak esoke Ing kelas ora kaya biasane, kelas padha campur aduk. Ana kang ngomong sakarepe dewe lan ana kang main hp.

"Kri Fikri rene go" Andre ngundang Fikri.

"Ana apa?" takok Fikri.

"seru iki lo dolanan angry birds." jawab andre.

 Fikri terus mara neng pangonne andre yaiku neng mburi pol.

"Wihhh seru iku dolananne." omong Fikri.

 Akhire bel masuk lan pelajaran kesiji Bahasa Jawa gurune yaiku Pak Hardi. Pak Hardi teko terus ngekon ketua kelas mimpin doa.

Pelajaran wes mulai Rio tetep ijeh main hp wae terus Fikri ngomong "Rio, pateni hpem engko diamok pak Hardi lo."

 Pak Hardi saka meja guru memperhatikno bocah loro mau seng ngomong indik-indik mau.

"Fikri lan Rio lagi ngomong tentang apa kuwe?" takok Pak Hardi.

"em... Rio pak Rio mboten memperhatikke bapak nerangke lan seng ditulis ing papan tulis mau." jawab Fikri.

 "Apa bener Rio, kuwe ora memperhatikke seng tak terangno mau?" takok pak Hardi karo ngamok lan mara ing panggonne Rio.
“Nggih pak” jawab Rio karo nunduk


“ndi hpem!!! Diterangke malah dolanan hp!” ngomong pak Hardi lan nyaut hpne Rio

“Angger hp iki pengen balek , temoni sesok karo wong tuaem neng ruang guru”lanjut pak Hardi

            Bel istirahat krungu Rio ketok lemes gara gara hpne disita mau Pak Hardi mau.

Terus Fikri takok “Loh kenapa kok lemes ngono kuwe yo?”

“Aku isin yen wong tuoku dikon neng sekolahan apa meneh soal hp mau.” Jawab karo nada indik

“salahe sapa kuwe mau ra nggatekno aku.” Ngomong Fikri

“em... iyo iyo Kri maaf nek aku ra ndungokno mau.” Jawab Rio.

“Piye iki Kti aku wedi nek diamok wong tuoku” lanjut Rio

Wis ngomong ngomong mau bel masuk krungu padha masuk kelas.

            Wis tekan omah Rio ngomong apek-apek neng wong tuone angger hpne kesita.Wong tuone padha gelem jikokke hp kang disita mau.Sesoke Wong tuo lan Rio mara ing sekolahan tepate ing ruang guru. Ing ruang guru mau Rio dikokon ngenteni ing ngarep ruang guru. Wong tuo lan Pak Hardi mau ngomong-ngomong tenntang permasalahanne Rio mau. Akhire hpne Rio dibalekno nanging ndekne janji yen mboten baleni neh.

makasih telah mebaca :)

SUBSCRIBE TO OUR NEWSLETTER

Seorang Blogger pemula yang sedang belajar

0 Response to "Sinetron Bahasa Jawa"